Selasa, 29 November 2011

Koen Doyan Taek Ta ?

Peringatan Pemerintah : membaca artikel ini bisa menyebabkan mual, muntah dan trauma psikologi akut lainnya.
Rekomendasi : Jangan dibaca sambil makan, ikut slametan atau sholat.
Taek iku biyen diweruhi wong akeh (karepe ngomong “terkenal” tapi dak paham boso nggersike). Yo mesti, sopo sing dak weruh rupane taek. Cak Ziegrusak bae wis nulis taek ireng sak fotone. Tapi tulisan iki dak karep madani. Iki temen mergo onok crito sak temene sing tak lakoni dewe. Masi ta “ide/inspirasi” ne teko tulisanne Cak Ziegrusak sing paling entos (mumpuni) iku. Biyen taek iku akeh seru arane. Onok taek, onok tembelek (sing iki gawe kewan), onok taek ijo, onok taek ndayak, onok taek ireng, onok tembelek lantung, onok taek kucing (emboh sing iki kok dak diwara tembelek), onok pecirit (malah onok guyonan pecirit tempe), onok taek jembret (sing iki mergo mencret), nok sang omah nek ngarani KKO (mergo gede karo kelire ijo).
Crito taek iki akeh diweruhi wong daerah lor nggersik. Daerah pinggir segoro. Biyen iku segoro biasa digawe buak larak-an karo ngising. Dadi sing arane taek iku ting kececer nang endi-endi. Malah nek pas tembungan nok lapangan parek segoro gelek tembunge ngeneki nok taek iku. Nek disaduk sih dak popo. Bareng ditampani kipere iku sing diguyu-guyu arek sak lapangan. Akhire taek nasipe dadi wadan-wadanan. Sembarang-sembarang ngomong taek. Titik-titik taek maneh. Contone nek onok wong ngguneman rodok ngawur, mbardak, aneh sautane mesti : Taek ah! La nek onok sing nyombong biso ngelakoni sing dak iso dilakoni wong liyo njawape yo taek maneh. Contone nek onok wong sumbar “Eson wingi dikek-i cak Kasan duek telung ewu”. Sing liyane mesti njawab : “Taek ta, cak Kasan bae ape ngekek-i duek koen. Tak ambung silitmu”. Mergo kabeh wong wis weruh Cak Kasan iku wonge medit, mlekit. Ambekan sing arane ngambung silit iku totoan sing paling gelek dilakoni. Sing paling gelek diunekno : Dak taek-taekan. Iki asli karangane wong nggersik. Karo sing warah ngene iki wong akeh.
Lumrahe sing ngomong dak taek-taekan iku wong sing wis dak gelem neko-neko nambahi ruwete gawe. Dadi wong sing wis mopo biasane langsung nyaut “wis dak taek-taekan”. La sopo sing doyan taek ? Iki critane. Eson duwe ponakan. Areke ayu seru. Tamara bae dak onok apan-apane. Tau teko nang omah. Pas waktu iku dulur-dulur ngelumpuk dadi siji nok sepen ngarep. Tak takoni “Vi (arane Vivi), koen doyan welut mentah tah ?” Jawape ” Dak doyan mas. Sempel ta mangan welut mentah”. Tak warah : “Taek, nek digoreng ?” “Lho nek digoreng yo doyan”. Langsung wong sak omah ngakak dak mari-mari. La kabeh podo ngerti eson takon taek digoreng, kok dek-e njawape malah doyan.

Sabtu, 29 Oktober 2011

penyesalan

mungkin jika kesadaran itu datang lebih awal pasti jejak perasaanku tak sedalam ini
dimataku kau telah menjadi penyejuk
saat menatapmu hilang semua duka...
dan mungkin aku terlalu bodoh karna selalu mengalah tanpa kusadari akupun telah kalah
kau yang pernah ada dihatiku kini telah menjadi sumber derita abadi...
mengapa ada dia jika aku yang istimewa
mengucap janji setia selamanya
sedangkan aku tak pernah bisa untuk kau mengert, untuk kau pahami..